manasuka

Sambel Kemangi

Enake jangan asem kecut,
Sambele kemangi,
Mangane bubar nyambut gawe,
Nadyan lawuh tempe neng sehat awake.

Segere ngombe banyu kendhi,
Rokok nglinthing dhewe,
Nadyan mung manggon ana ndesa,
Nyatane ayem tentrem kumpul sak keluwarga.
Aku nrima watone pokok seger waras,
Kayaku lumpukna kanggo ngragati sawah,
Uga tuku bibit lan rabuk’e,
Mangan sabendinane sega sambel kemangi.

Reff :
Enak apa wong urip ana ing alam donya
Yen wegah rekoso urip ora biso mulya,
Kudangane rama lan ibune,
Sregepa nyambut gawe aja lali Gustine.

About Ludruk Suromenggolo

0 komentar:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.