manasuka

Jenang Gula

Bawa (Asmarandana):

Gegarane wong akrami,
Dudu bandha dudu rupa,
Amung ati pawitane,
Luput pisan kena pisan,
Yen gampang luwih gampang,
Yen angel angel kalangkung,
Tan kena tinumbas arta.

Langgam:
Jenang gula kowe aja lali marang aku iki ya kang mas,
Nalikane nandhang susah sapa sing ngancani,
Dhek semana aku tetep tresna sereta tetep setya ya kangmas,
Durung nate gawe gela lan gawe kuciwa.

Ning saiki bareng mukti kowe kok njur malah lali marang aku,
Sithik-sithik kowe nesu terus ngajak padu ja ngono aja ngono,
Apa kowe pancen ora kelingan jamane dhek biyen ya kang mas,
Kowe janji bungah susah padha dilakoni.

About Ludruk Suromenggolo

0 komentar:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.