manasuka

Nyidham Sari


Bawa:

Dhuh wong ayu pepujaning ati,
Kaya ngene wong nandhang asmara
Apa toh awakku dhewe duh Dewa Jawata Gung,
Welasa mring wakmami,

Besuk kapan katekan jejer lan wong ayu,
Umpamakna nahkoda tanpa prahu 
Sasat bisa den pepetri,
Nyidam sari asmara.

Tembang:


Umpama sliramu sekar melati,
Aku kumbang nyidham sari,
Umpama sliramu margi wong manis,
Pun kakang bakal ngliwati.

Sineksen lintange luku semana,
Janji prasetianing ati,
Tansah kumathil ning netra rinasa,
Rasa-rasaning driya

Midera sak jagad raya,
Kalingana wukir lan samudra,
Nora ilang memanise,
Aduh dadi ati selawase.

Nalika nira ing dalu atiku,
Lam-lamen sira wong ayu,
Nganti mati ora bisa lali,
Lha kae lintange mlaku.

Sineksen lintange luku semana,
Janji prasetianing ati,
Tansah kumatil ning netra resan,
Kerasa rasaning driya.

Midero sak jagad raya,
Kalingono wukir lan samudra,
Nora ilang memanise,
Aduh dadi ati selawase.

Nalikan ira ing dalu atiku,
Lamlamen sira wong ayu,
Nganti mari ora bisa lali,
Lha kae lintange mlaku.

About Ludruk Suromenggolo

0 komentar:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.