manasuka

Imbangana Katresnanku




Saben dina mung ngalamun,
Jroning sepi, sepi samun,
Amung tansah kadulu,
Wewayanganku duh nimas wong ayu.

Linali tan bisa lali,
Saya angrerujit ati,
Lelewane cah manis,
Amung kumantil ing panduking netra.

Apa tega sira ni mas cidreng janji,
Misahke katresnan jati,
Lamun mangkono piye katresnanmu,
Piye katresnanmu.

Mangka nimas katresnanku,
Bebasane tan bisa tinuku,
Cundhuk lan prasetyamu,
Tak korbanake jiwa lan ragaku.

Reff :

kembali ke atas..saben dino mung…

--
Ciptaan : Ki Susilo Tengkleng

About Ludruk Suromenggolo

0 komentar:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.