manasuka

Mawar Biru



Tumetesing waspaku
Ora tega, rasaning atiku
Ninggalake sliramu priya idhamanku

Tansah katon esemmu
Ngawe-awe rasaning atiku
Ngelingake nalika bareng mlaku-mlaku

Ora nyana, ora ngira
Yen ngene dadine
Aku kudu melu, ndherek’ake rama lan ibuku
Mulih neng ndesaku

Wekasan mung welingku
Aku titip, kembang mawar biru
Openana, minangka tandha katresnanku

About Ludruk Suromenggolo

0 komentar:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.