manasuka

Nitip Kangen



Wis pirang-pirang bengi, ora bisa turu
Merga tansah kelingan, marang sliramu..
Neng netra katon nyata, esem gemuyumu
Ati tansah tratapan, nalika nyandhing sliramu..

Arum wangine kembang, nggugah kangen iki
Kaya sliramu, nyanding raga iki..
Aluse pangucapmu, nentremke atiku
Senajan mung sedhelok, ngobati rasa kangenku..

Mung tak angen rasa sak jroning dhadha,
Kaya ati ra ana wong liya..
Saben wengi mung tansah kelingan,
Tak titipne rasa kangenku nang kerlip lintang..

Reff:
Arum wangine kembang, nggugah kangen iki
Kaya sliramu, nyandhing raga iki..
Aluse pangucapmu, nentremke atiku
Senajan mung sedhelok, ngobati rasa kangenku..

Mung tak angen rasa sak jroning dhadha,
Kaya ati ra ana wong liya..
Saben wengi mung tansah kelingan,
Tak titipne rasa kangenku nang kerlip lintang..

Lk:
Semono uga aku kangen sliramu,
Saben wayah turu eling parasmu..
Gelisah batin iki yen ora ketemu,
Marang kerlip lintang tak titipne rasa kangenku..

Ft:
Wis pirang-pirang bengi, ora bisa turu
Merga tansah kelingan, marang sliramu..
Neng netra katon nyata, esem gemuyumu
Ati tansah tratapan, nalika nyandhing sliramu..

About Ludruk Suromenggolo

0 komentar:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.