manasuka

Lungiting Asmara


Seprene nggonku ngenteni janji,
Iki prasetyaning ati,
Kadung tresna ning sliramu dhuh cah bagus,
Ra eling dina lan wektu.
Neng ati katon ra bisa ilang,
Saya suwe saya ra karuan,
Snadyan mung tansah anggadhang,
Aku samar yen sliramu ra kelingan.
Wong bagus tak anti-anti,
Jo pijer semaya wae,
Aku tresna karo kowe.
Tegane atimu saya gawe lara iku ra prayoga.
Aku ora bakal mundur,
Aku ora bakal mlayu,
Yen durung nyanding sliramu,
Ukuraning tresna dudu bandha,
Nanging lungiting asmara.

About Ludruk Suromenggolo

0 komentar:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.