manasuka

Gelang Kalung

Gelang kalung sing tak tampa,
Ngelingake jamane semana,
Nalika biyen biyene,
Tresna aku nganti sak lawase.

Apa kowe ra kelingan,
Janji pengen urip bebarengan,
Ben dino amung tak rasa,
Apa pancen sliramu ra krasa.

Apa sliramu ra getun,
Mung rekasa urip ana nggunung,
Bungah susah dilakoni,
Yen rejeki ana sing maringi.

Gelang kalung dadi saksi,
Muga sliramu ra bakal nyidrani,
Wiwit ndonya nganti akhir,
Duh wong bagus sing tak pikir pikir.

About Ludruk Suromenggolo

0 komentar:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.