manasuka

Ali-Ali


Bawa Dhandanggula:

Jenang gula glali aja lali,
Ali ali niki sulih kula,
Aja dianggep sepele.

Kula mbotena melu,
Amung ati tansah nggondheli,

Yen dadi lara gela,
Sedih rinten dalu.

Ketok-ketoken kewala.
Nganti-anti, mbesuk apa bakal bali,
Yen bali beja kula.

Langgam:

Ngagema ali aliku pamrihe,
Aja lali marang aku,
Nadyan kulo mboten melu, mbesuke,
Ngelingana lelabetku.

Lamun embane salaka emane,
Amung tansah ndamel cuwa,
Niki embane kencana pamrihe,
Tansah manggiha raharja.

Yen nganti ilang mripate,
Jarene nemai rubeda,
Yen nganti dinggo wong seje, mbesuke,
Wis mangsa bodho'a

Pilihanku mripat biru pamrihe,
Mreh sulistya engkang warni,
Yen takon isi atiku mbesuke,
Mersanana ali-aaaliiii…

Reff :

Yen nganti ilang mripate,
Jarene nemai rubeda
Yen nganti dinggo wong seje, mbesuke
Wis mangsa bodho'o

Pilihanku mripat biru pamrihe,
Mreh sulistya engkang warni,
Yen takon isi atiku mbesuke
Mersanana ali-aaaliiii…

About Ludruk Suromenggolo

0 komentar:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.