manasuka

Tembang Kangen


Wayah wengi udan grimis ra uwis-uwis,
Banyu kang tumetes dadi saksi nggonku nangis..
Wong sing tak tresnani tega ninggalake aku,
Suwung jeroning uripku yen ora ana sliramu..
Sumilire angin tansah ndudut kalbu,
Rasa kang tak empet agawe lara dadaku..
Liwat tembang kangen muga bisa dadi tamba,
Tamba kangen iki nandang wuyung rina wengi..
reff :
Liwat tembang kangen aku titip tresna,
Apa pancen sliramu uwis ora krasa..
Liwat tembang kangen aku titip sayang..
Tresnaku mring sliramu ora bisa ilang..
Apa lali apa pancen wis ra ngerti,
Sak tenane aku mung tansah setyo ngenteni..
Ngenteni baline endah manise esemmu,
Liwat tembang kangen iki wujud katresnanku..

About Ludruk Suromenggolo

0 komentar:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.