manasuka

Lewung


Dadi lewung atiku,
Nalikane sepisan ketemu,
Wong bagus dadi laku,
Nggodha ati rinten siang ndalu.
Kinurban jiwa raga,
Ngundang rasa tumetesing kalbu,
Lir nguyahi segara,
Datan bisa ngluluhke atimu.
Suwe nggonku ngenteni,
Lewung ing atiku gak entuk jampi,
Dadya ati sawiji,
Nadyan abot tak lakoni.
Sabda pandhita ratu,
Mring sliramu dadya sisihanku,
Mugi Gusti nglilani,
Tresnaku bakal ginawa mati.

About Ludruk Suromenggolo

0 komentar:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.