manasuka

Gubug Asmara


Yen liwat aku kelingan,
Gubug kae biyen tak nggo leren,
Neng cagak kebak tulisan,
Warna abang tandha iseh prawan.

Jeneng'e gubug asmara,
Biyen kae tak nggo andum tresna,
Tanpo bantal tanpo klasa,
Bot abot'e ketaman asmara.

Gubug kae nyimpen wadi,
Wiwit biyen biyen tumeko sak iki,
Gubug kae kebak crita,
Wayah wengi nganti gagat rina.

Catetan sak jroning ati,
Datan luntur soyo merak ati,
Aku kowe dadi garwa,
Mergo leren neng gubug asmara.

About Ludruk Suromenggolo

0 komentar:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.