manasuka

Pepiling


Wis wancine tansah dielingake,
Wis wancine padha nindakake,
Adzan wus kumandhang wayahe sembahyang,
Netepi wajib dawuhe Pangeran.
Sholat dadi cagaking agama,
Limang wektu kudu tansah dijaga,
Kanthi istiqomah lan sing tumakinah,
Luwih sampurna yen berjama’ah.
Subuh, Luhur, lan ‘Asar,
Sholat sayekti ngadohke tindak mungkar,
Maghrib lan ‘Isya’ jangkepe,
Prayogane ditambah sholat sunate.
Jo sembrana iku printah agama,
Ngelingana neng ndonya mung sedela,
Sabar lan tawakal pasrah sing kuwasa,
Yen kepengin mbesok munggah suwarga.

About Ludruk Suromenggolo

0 komentar:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.